Thursday, June 7, 2007

Serat Wirid Hidayat Jati

Anggitanipun Panjenenganipun Raden Ngabehi Ranggawarsita.
Kapethil saking serat Jawi Kandha ing Surakarta Hadiningrat tahun 1908.


This is the Book of Mystical Teachings Telling What the Nine Saints (Wali Songo) Taught. Written by Rd. Ngabei Ranggawarsita.
Published by the Administration of (the newspaper) Jawi Kanda in Surakarta and Printed by the Press of N.V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & CO., Surakarta,1908.


Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.

Yes, these are true indications, setting out fully the nature and levels of spiritual knowledge, seeds sown by the wise ones of the Isle of Java in their desire to reveal the truth of the spiritual knowledge founded on the examples set forth in Sufistic books, a knowledge that grows and spreads
when the feelings are pure and clear. They are based on divine guidance permitting the revelation of these words of God to the Prophet Moses, the prophet called the Word of God: "In reality humankind is the reality of the Lord, and the Lord is One."


Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun (ciptanipun).

These words of the Lord are what teachers explain to the pupils they accepted. These teachings of theirs are divided into eight levels, and they are whispered into the left ear. This is meant as a reminder that it is not permitted for spiritual knowledge to be revealed to all and sundry. It may be taught only to those who have been inspired by God, or, in other words, whose minds have been opened and enlightened.


Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon.

That is why anyone who wishes to read this book should first ask the Lord to open his mind so that he may receive and enter into the meaning of its teachings, for they are very difficult and dangerous. The best way, so that one may enter into and know these teachings is to surrender everything completely within the feelings of one’s mind.


Mila inggih botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

That is why it is not permitted to discuss them with those who have not yet experienced union, which is to say those who have not yet received divine inspiration. If they must be revealed before those who are unready, then it is necessary to be wise and cautious, meaning that one must consider the time and place and cloak the teachings in symbols and parables.


Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:

As for the eight levels of this teaching, they are as follows:

I.1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (zat, sifat, asma, af’al).

The first of the teachings is called: knowledge of the vehicle of the Lord, as the Lord said to the Prophet Muhammad, peace be upon him, "Truly nothing exists, for when there was nothing but the empty heavens, the first thing was I (There is no Lord but I) who live in great purity throughout the levels of My form, names, and works (zat, essence; sifat, attributes; asma, names; af’al, acts)."


I.2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.

As for the import of the preceding, what the Lord meant in saying "There is no Lord but I" was that life is something very holy, and in truth our lives are totally imbued with the presence of our Lord in our forms, names, and deeds, and that in truth life originates in its creation by our Lord, so that both that which is entered into and continually created and that which enters and continually creates it, are, like the sun and its rays, honey and its sweetness, inseparable.


II.1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng Nabi Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha.

The second teaching is called: the opening of the state of the Lord, and it explains that our life is divided into seven levels, as the Lord told the Prophet Muhammad, peace be upon him. He said: "I am the true Lord, and with My power I created everything, and it all came into being at once as I desired and decreed, and this creation was the realization of the unfolding of My will and acts, and it is a sign.


II.2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.

"First I was hidden in the empty heavens without beginning or end, in My still-separated world."


II.3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.

"Second, I created light as a spirit where I could manifest Myself in the world which was My hiding place."


II.4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.

"Third, I created shadows as a place where I could manifest Myself and to be My secret self, present in the world of the multiplication of seed."


II.5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.

"Fourth, I created the human spirit as a sign of My life located in the world of the blood."


II.6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.

"Fifth, I created the thoughts which are also My form, and which are inside a world that can be explained only with comparisons."


II.7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.

"Sixth, I created the mind, which is a vehicle for the spreading of the thoughts present in the world of the supersensible body."


II.8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

Seventh, I spread a screen to be a shelter within which I could rest from further action. All six above I created in the world as the true human nature.

Creative Commons License
This work is licensed under a Creative Commons Attribution-Noncommercial-No Derivative Works 3.0 Unported License

No comments: